Froggy Jumps Bahasa JawaVersión en línea Latihan Soal Bahasa Jawa por Kelas 2 1 Kabeh bocah dikarepke ndueni budi pekerti sing apik. Tegese budi pekerti yaiku ... . a Tumindak becik lan bener b Seneng umuk karo kancane c Seneng kerengan karo kancane 2 Bocah kang ndueni tumindak becik bakal ... wong liya. a dimusuhi b disenengi c dicendilke 3 Cacahe murid SD Muhammadiyah Ngupasan 345. Kabeh murid kelas 1 tekan 6 kudu ... . a rukun b saingan c kerengan 4 Matur marang wong tuwa kudu nganggo basa ... . a sero b ngoko c kromo 5 Alif lagi mlaku-mlaku, banjur ana simbah-simbah arep nyebrang dalan. Sing ditindakake Alif yaiku ... . a ninggal b nulungi c gumedhe 6 Yen ditimbali simbah putri, kudune semaur matur ... . a dalem b nuwun c pripun 7 Nalika diparingi aja lali matur ... . a dalem b nuwun c pripun 8 Yen didukani Ibuk ora pareng ... . a mangsuli b nglungani c nandhangi 9 Nalika ora sengaja ngidak silkile kancamu kowe kudu ... . a nyuwun sewu b nyuwun pinten c nyuwun pangapura 10 Yen liwat ngarepe wong tua kudu matur ... . a nyuwun pinten b nderek langkung c nyuwun pangapura 11 Sesrawungan kanthi rumaket ... . a rukun b guyup c bekti 12 Seneng aruh – aruh karo sapa bae ... . a jujur b bekti c grapyak 13 Tumindak lan ngomong sanyatane ... . a jujur b guyup c gumedhe 14 Mbangun turut marang wang tuwa ... . a bekti b rukun c grapyak 15 Senenge umuk lan rumangsa luwih apik ... . a guyup b grapyak c gumedhe 16 Kelas loro A lan B kudu ... . a bekti b rukun c gumedhe