Froggy Jumps LATIYAN SOAL TEMBANG MACAPAT SMK KELAS XVersión en línea latihan soal Bahasa Jawa kelas X SMK por Sofi Ydw 1 Salah sijine jinis tembang macapat, yaiku ..... a Prau Layar b Pangkur c Kidung 2 Tembang macapat maskumambang nggambarake ........ a Jabang bayi kang wis lair b Wayahe bocah nemokake jati dhirine c Kahanan manungsa ing jero kandhungan ibune 3 Tembang macapat sinom nggambarake ...... a Kauripane manungsa kang ngancik umur anom utawa diwasa b Kauripane manungsa nalika nandang katresnan c Titi wancine manungsa katimbalan sowan marang Gusti 4 Tembang macapat sing nduweni makna gambaran pungkasan/akhir lakuning urip manungsa ing alam donya, yaiku ......... a Pangkur b Pocung c Asmaradana 5 Tembang macapat sing nggambarake kahanane manungsa sing wis mapan sandhang, pangan, lan papan, yaiku ........ a Durma b Dhandhanggula c Gambuh 6 Paugerane tembang macapat iku kaiket guru ........ a gatra, guru wilangan, lan guru lagu b satra, guru basa, lan guru swara c guru lumaksita, guru lagu, lan guru sastra 7 Gatekna tembang macapat pocung iki! Ngelmu niku kelakone kanthi laku Lekase lawan kas Tegese kas nyantosani Setya budaya pangekesing dur angkara Tembang Pocung kasebut, guru gatrane, yaiku ...... a 5 b 6 c 4 8 Gatekna tembang macapat pocung iki! Ngelmu niku kelakone kanthi laku Lekase lawan kas Tegese kas nyantosani Setya budaya pangekesing dur angkara Guru wilangan lan guru lagu tembang macapat kasebut, yaiku ...... a 12i, 6a. 8i, 8a b 12u, 7a, 8i, 11a c 12u, 6a, 8i, 12a 9 Tembang pangkur nduweni makna nggambarake ....... a Wong sing nduwe karep pengin weweh/menehi wong liya b Wong sing kudu nyingkiri hawa nepsu c digathukake antara priya lan wanita kang nduwe rasa tresna 10 Tembang kinanthi nggambarake manungsa/rumaja sing mbutuhake tuntutan saka wong tuwa supaya ........... a Bisa nyembadani gegayuhan/cita-cita lan tumindak ora nalisir/menyimpang saka bebener b Pinter lan seneng dolan supaya ora ketinggalan jaman c Bisa dadi wong sing migunani kanggo kaluwarga