Froggy Jumps Wangsulana pitakonan iki kanthi milih sing bener!Versión en línea Kelas XI (Geguritan lan Upacara Adat) por Galih Turut Wigati 1 Struktur sing gegayutan karo rima, ritme lan metrum yaiku … a Imaji b Versifikasi c Basa figuratif 2 Struktur guritan ana loro, yaiku .... a struktur batin lan struktur fisik b struktur batin lan struktur rokhani c struktur rokhani lan jasmani 3 Sing ora kalebu struktur fisik guritan yaiku .... a perwajahan guritan (tipografi) b tema (sense) lan nada (tone) c tembung diksi lan imaji 4 Pemilihan sakehing tembung kang ditindakake pangripta sajrone guritan arane: a perwajahan guritan (tipografi) b versifikasi c diksi (pemilihing tembung) 5 prau layar kang angliyaking ombak lumembak iki prauku lan praumu kakang layare ginelar saambane rasa kangen lan pengkuh saking sisete tali katresnan yen aku miris nyawang ombak mawalikan mbokajak aku dolanan lintang-lintang tembung PRAU ngemu teges a manunggaling kekarepan atine sapadha dulur b wanguning sawijine kulawarga/ bale wisma c papan padununge adhi lan kakang kandhung 6 Kain sing tumempel ing awak cacahe telu Kain gedhong, ihram, lan kafan Kain gedhong wis mbungkus nalika lair Saiki kari kain ihram lan kain kafan sing durung Endi sing luwih dhisik nempel ing badan kita Isine guritan ing dhuwur yaiku…. a saben titah ngalami lair, kaji, mati b saben titah ngalami lair, sekolah, mati c saben titah ngalami lair, sugih, mati 7 Lathi landhepe ngluwihi glathi Sing ati-ati marang lathi Lathi tanpa balung Lathi lunyu ngluwihi lunyuning oli Keplesete oli isih bisa gumuyu Keplesete lathi marang liyan bisa gawe gela Lanciping lathi ngluwihi graji Lanciping lathi iku ngluwihi... a Oli b keris c graji 8 Jinise kembang setaman, kajaba... a Mawar b Anggrek c Mlathi 9 Singep sindur iku awarna rekta lan seta, tegese.... a warna putih lan abang b warna abang lan putih c warna abang lan biru 10 Kegiyatan balang-balangan suruh diwastani.... a Kacar kucur b Gantalan c Jumenengan 11 Minangka tetungguling kulawarga darbe tanggungjawab nyukupi sandhang pangan ing kulawarga, tampa kaya kacang kawak, dhele kawak, jagung kawak, woh jenar, dhuwit pralambang boga lan wastra. Iki tinemu ing acara.... a Kacar kucur b Bobot timbang c Tanem jero 12 Sabubare adicara dulangan ing dhahar klimah isih ana adat kang ditindakake yaiku.... a Ngunjuk toya wening b Balangan gantal c Ngidak tigan 13 Kembar mayang digawa metu saka omah lan didelehake nang prapatan cedhak omah, ancase kanggo... a Ngusir roh jahat b Pratandha ikhlas nampa manten pria c Balangan manten lanang lan wadon 14 Cacahing gantal ana pitu, nanging sing dicekel penganten putri ana.... a Telu b Papat c Pitu 15 Jarik kang digunakake ing acara ganti busana mitoni cacah.... a 7 b 6 c 3 16 Ubarampe kang duwe maksud simbol supaya bayi sehat saha kuat yaiku... a Bathok b Dawet c Tumpeng kuat 17 Makna banyu saka pitung sumber ing acara siraman yaiku... a Supaya langgeng pitung turunan b Urip supaya ayem tentrem c Supaya iso tulung pitulungan 18 Titikane geguritan gagrag anyar yaiku.... a guru lagune pinathok b diwiwiti kanthi ukara sun nggegurit c ora kaiket paugeran tartamtu 19 Yen ta isa, aku pengin kaya pari Migunani tumrap bebrayan, nanging tetep ndhingkluk andhap asor Yen ta isa, aku pengin dadi klapa migunani wiwit oyot nganti janure Utawa dadi wit ringin, kuwat ngayomi sapadha-padha Kepriye sipat unggule wit klapa? a nguwatirake yen rubuh kena angin b regane klapa ora mbejaji banget c migunani wiwit oyot nganti janure 20 Tembung tebu dijupuk saka tembung... a Antebing kalbu b Titipaning kalbu c Tetep nganggo kalbu 21 Biyung Kangenku tumetes ing dlancang Wis suwe dakbuwang Mlebu kranjang pangangen-angen Netramu pasuryamu edhum Ing dhadha ingkang durung tidhem Ambegan kemrungsung Kusung-kusung kaya kambrukan ruyung Tembung biyung iku nunggal teges karo tembung.... a Mbakyu b Bapak c Ibu 22 Tuladhane ukara kang isine pangarep-arep ing teks sesorah yaiku…. a Mugi-mugi perjuangan para pahlawan saged dados patuladhan kagem generasi mudha b Ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang sampun paring berkah kangge kita sedaya c Bapak/Ibu Guru ingkang kinurmatan, kula nyuwun pangapunten amargi kulasakkanca kathah tumindak salah 23 Makna banyu saka pitung sumber ing acara siraman yaiku... a Supaya langgeng pitung turunan b Urip supaya ayem tentrem c Supaya iso tulung pitulungan 24 Upacara adat tingkeban iku dianakake kanthi ancas kanggo…. a Ritual khusus tumraping wanita b Keslametane calon jabang bayi c Ngirim arwahe para leluhur 25 Jenis upacara adat ing ngisor iki sing ana gegayutane karo manungsa yaiku... a Tedhak siten b Ruwatan c Suran 26 Jarik motif parang ing upacara mitoni nduweni pralambang.... a Pentinge nglestantunaken budaya lan warisan b Kalanggengan lan keseimbangane urip c Kekuwatan lan ketangguhan ngadhepi perkara 27 Apa ancase siraman ing upacara mitoni? a Ngresiki sakabehing sukerta calon ibu b Supaya gangsar besuke nalika bayi lair c Supaya anak kang dikandhut iku gampang lair kaya disurung 28 Ing acara mitoni, wong kang nyolong endog banjur nggawa mlayucolongane yaiku... a Calon bapak b Calon ibu c Simbah kakung 29 Salah sijine upacara adat Jawa, nganakake slametan kan ubarampene, yaiku sawise calon ibu ngandhut jabang bayi umur pitung wulan diarani….. a Tingkeban b Ruwatan c Nyadran 30 Ing upacara mantenan ana kagiyatan kang diarani ngidak antiga. Ndhog kang digawe ing kono yaiku... a Ndhog pitik potong b Ndhog pitik jawa c Ndhog bebek 31 Gantal yaiku…. a Godhong tebu kang kaiket benang b Godhong sirih kang kaiket benang c Godhong kluwih kang kaiket benang 32 Jeneng garwane Ki Sedya ing sejarahe mitoni yaiku….. a Niken Satingkeb b Sembadra c Dewi Ratih 33 Ing upacara brojolan, apa kang dilebokake ing njerone sarung ibu? a Klapa gadhing enom b Endhog c Bathok